Pisowanan Ageng
(beksan Gambyong)
Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng pepanggihan malih, sugeng rawuh wonten ing adicara Pisowanan Ageng Gebyar Jawa warsa 2014, kanthi tema “Citta Buddaya”.
Para rawuh ingkang kinurmatan, adicara Pisowanan Ageng kawiwitan Candra Dosen Bahasa dan Sastra Jawa Unnes, ingkang badhe dipunpadhegani dening Bapa Sayuti Anggoro. Sumangga.
Sampun paripurna Candra Dosen, kalajengaken atur pasugatan arupi beksan Gambyong. Ingkang badhe dipunparagani dening Dewi Wulandari, Umul Karimah, Yanuar Dwi Kartikasari, saha Devi Hartanti. Sumangga.
Nuwun, nuwun kawula nuwun,
Sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Agung, mugya kajiwa kasarira, wonten ing jiwangga kula panjenengan sadaya, waradin sagung dumadi.
Ingkang kinabekten Bapak Agus Nuryatin minangka Dekan FBS Unnes, dalah Pembantu Dekan 1, Pembantu Dekan 2, saha Pembantu Dekan 3
Ingkang kinurmatan Bapak Yusro Edi Nugroho minangka Ketua Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa
Ingkang kinabekten ugi para Bapak lan Ibu dosen jurusan Bahasa dan Sastra Jawa
Boten katalumpen, para rawuh wonten ing adicara Pisowanan Ageng Gebyar Jawa warsa 2014, ingkang bagya mulya.
Minangka panatacara, keparenga kula badhe mratitisaken adicara ingkang badhe lumampah ing siyang menika
Sepisan Pambuka
(Lelagon Mars Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa)
Kaping kalih Sambutan
Kaping tiga Parade Duta Sinjang
(Atur pasugatan klenengan saking kadang UKM Kesenian Jawa)
Kaping sekawan Kembul Bujana
(Atur pasugatan Barongan saking kadang UKM Kesenian Jawa)
Kaping gangsal Panglipur Keroncong “Kang Bejo”
Kaping nem Penganugerahan Duta Sinjang
Kaping pitu Penutup
Minangka purwakaning acara, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manengku pujabrata, wonten sahandap pepadanipun Gusti ingkang Maha Agung, miturut agami sarta kapitadosan sowang-sowang. Mligi katur para rawuh ingkang ngrasuk agami Islam, kula dherekaken maos tasmiyah sesaregan. Dedonga kawiwitan. Bismillah
Saderengipun kalajengaken, wonten seserepan atur pasugatan arupi lelagon Mars Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Sumangga.
Para rawuh ingkang minulya, tatacara salajengipun nuninggih Palaporan Ketua Panitia, ingkang badhe kasulihsarirani dening Kang Mas Akbar Aminudin. Sumangga.
Matur sembah nuwun katur Kang Mas Akbar.
Salajengipun, nuninggih atur pangandikan saking Pendamping Hima Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, ingkang badhe katendhakaken dening panjenenganipun Bapak Drs. Widodo, M.Pd.
Matur sembah nuwun menggah paring pangandikanipun.
Atur pangandikan salajengipun, nuninggih saking Ketua Jurusan BSJ (Dekan FBS)
Yusro Edi Nugroho, S.S, M.Hum. (Agus Nuryatin), kalajengaken mbikak adicara Pisowanan Ageng Gebyar Jawa warsa 2014 secara simbolis (nguwalaken peksi emprit/pipit)
Matur sembah nuwun katur Bapak kajur/dekan ingkang sampun paring pangandikan lan ugi mbikak adicara Pisowanan Ageng enjang menika.
Salajengipun nuninggih atur pasugatan klenengan saking UKM Kesenian Jawa. Sumangga.
Para rawuh ingkang kinurmatan, tatacara salajengipun nuninggih Parade Duta Sinjang.
.
.
.
Sampun paripurna Parade Duta Sinjang, kalajengaken Kembul Bujana
.
.
.
Para rawuh ingkang winantu ing basuki, salajengipun nuninggih panglipur Keroncong Akustic “Kang Bejo” saking Semarang.
.
.
.
.
Penganugerahan Duta Sinjang
.
.
.
Penutup
Mekaten menggah adicara Gebyar Jawa warsa 2014 wiwit Kirab ngantos Pisowanan Ageng sampun kalampahan kanthi gancar. Kula pun ……… dalah kadang kula ………. Nyuwun gunging sih samudra pangaksami. Wusananipun, jaya wijayanti angleluri budhaya Jawi. Nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.