Contoh paribasan :
- Becik ketitik ala ketara (becik ala bakal ketara ing mburine)
- Demit ora ndulit setan ora doyan (tansah ginanjar slamet, ora ana reribete)
- Alon-alon waton kelakon (yen tumindhak aja grusa-grusu)
- Giri lusi janma tan kena ingina (ora kena ngina marang wong liya)
- Golek banyu bening (golek pitutur sing becik)
- Mikul dhuwur mendhem jero (njunjung drajade wong tuwa)
- Sapa salah seleh (sing salah bakal kalah)
- Sluman slumun slamet (tandang tanduke tansah ngati-ati)
- Rukun agawe sentosa crah agawe bubrah (rukun marakake sentosa congkrah marakake karusakan)
- Tinggal glanggang colong playu (keplayu saka tanggung jawab)
Narasi dari tiap butir paribasan :
- Unen-unen menika anggadhahi makna menawi saben tiyang ingkang tumindhak menapa kemawon, becik utawi ala bakal ketara ing wekasanipun. Mboten wonten njluntrungane menawi tiyang ala ingkang katone becik terus-terusan bakal ketingal becik. Sami kaliyan tiyang becik ingkan ketingal ala, ing wekasan tiyang sanes ugi mangertos menawi sayektinipun tiyang menika tiyang ingkang sae.
- Unen-unen menika asring dipundhawuhaken kaliyan tiyang sepuh menawi badhe nglampahi panggawean ingkang radi awrat. Ancasipun supados tiyang menika saged nglampahi panggawean menika kanthi sae ugi mboten wonten reribetipun. Mliginipun sedaya tiyang menika ugi tansah ginanjar keslametan.
- Unen-unen menika kalebet pitutur ingkang anggadhahi makna menawi tumindhak napa kemawon kedah ngatos-atos, mboten pareng grusa-grusu. Amargi sejatosipun tumindhak ingkang grusa-grusu menika kurang sae. Ugi malih, menawi tumindhakipun grusa-grusu pakaryanipun kurang sae kasilipun.
- Unen-unen menika ugi kalebet pitutur ingkang anggadhahi makna menawi dados tiyang agesang kedah ngreksa lathinipun. Mboten pareng wicantenan ingkang mboten sae, napa malih ngantos ndadosaken sakit manahipun tiyang sanes.
- Unen-unen menika pituturipun tiyang sepuh ingkang anggadhahi maksud menawi tiyang menika kedah madosi pitutur-pitutur ingkang seged dipundamel dados pedomaning tiyang agesang. Kedah ngreksa raga ugi manahipun supados dados tiyang ingkang sae.
- Unen-unen menika anggadhahi makna menawi kita ingkang dados putranipun tiyang sepuh, kedah njunjung drajatipun tiyang sepuh. Mboten pareng dados penggalihipun tiyang sepuh. Amargi baktinipun anak marang tiyang sepuh menika tumindhak ingkang utama.
- Unen-unen menika anggadhahi maksud menawi tiyang ingkang salah menika mesthi kalah. Masio tiyang menika tasih ngeyel ngantos muter walik fakta. Ananging ing tembe mburi tiyang menika bakal mangertosi menawi tiyang menika salah.
- Unen-unen menika tegesipun tiyang ingkang tandang tandhukipun tansah ngatos-atos. Menawi tumidhak napa kemawon boten pareng kesesa. Lan ugi bisa ngati-ati sehingga napa kemawon saged kedah pener.
- Unen-unen menika anggadhahi maksud menawi wonten tiyang utawi keluarga ingkang rukun niku saged nentremake keluwarginipun. Ananging yen congkrah niku saged andadosaken tukar utawi keluwarga ingkang boten sae utawi rukun.
- Unen-unen menika anggadhahi maksud menawi wonten tiyang ingkang dipunparingi tanggungjawab ananging, tanggung jawab menika anggadhahi masalah. Ananging tiyang menika mboten saged ngadhepi utawi memecahkan masalah saenggo tiyangipun mlayu saking tanggungjawabipun.
@sayidatul khoiriah