Wacana sejarah bangsa

Dikuwasani AD lan AL

 


KAYADENE sing wis nate diaturake, dhek jaman penjajahan Jepang, Indonesia dikuwasani Angkatan Darat karo Angkatan Laut, rikugun karo kaigun. Nge­nani bab iku, mula wis ditetepake ing Tokyo dhek Nopember 1941, dadi sadu­runge pihak Jepang ngrabasa Hawai kae.

AD Jepang

Sarana mangkono, tata laire Indonesia banjur dipecah dadi loro, sing siji lan sijine ora gegandhengan babarpisan, keja­ba iya bageyane kekaisaran Jepang kuwi, sing seneng nyebut dhirine: Dai Nippon Teikoku. Nadyan “pecah dadi loro”, ning loro-lorone tetep nggumolong ing Asia Timur Raya, sing dikomandhani marsekal Hisaichi Terauchi sing markase manggon ing Singapore, sabanjure pin­dhah nyang Dallat (Viet Nam). Ing saka­wit para manggalaning perang ing wila­yah-wilayah sing wis kelakon direbut yen nganakake rembugan iya ing markase sang marsekal kuwi.

Sumatra papan pusate pemerentahan ing Bukittinggi, dumadi saka pasukan ke-16, sing uga nguwasani Bali. Lha pulo liya­ne, kayadene Kalimantan, Sulawesi da­lah Nusa Tenggara satleraman sing nyekel kekuwasaan dununge ing Mekasar, nduweni kantor cabange (minseibu) ing Pontianak, Banjarmasin, Mekasar, Mena­di, Ternate, Ambon, Hollandia (Jayapura) lan Kupang.

Wondene, ngenani tanah kerajaan, kayadene ing tanah Jawa kerajaan Solo lan Yogya, dalah dhaerah kasultanan, kaya dene Sultan Langkat, Cirebon lan sa­pa­nunggale maneh, dening Jepang tetep diupakara. Tegese, dijarake bae, ma­deg lan diakoni. Tertamtu kanthi syarat: kabeh-kabeh kudu nelakake tetep setia nyang Dai Nippon.

Lha ing perkembangane, ing antarane para Sultan mau, banjur ana sing disuja­nani, dianggep ora setiya marang pemerin­tah Jepang, ning tetep setiya nyang Ratu Landa. Upamane bae, Sultan Pontianak, sing meh sakukuban dhek taun 1944 pa­dha kapancasan ukum pati. Ha hiya iki sing nyebabake, salah siji turune Sultan Pontianak mau, tembene banjur den­dam, ngigit-igit banget nyang Jepang di­te­rusake nyang pihak Republik sing di­ang­gep gaweyane Jepang (made in Japan). Sultan Hamid II sing setiya tuhu nyang Ratu Juliana sarta banjur brontak nyang Republik.

Ngenani raja-raja ing tanah Jawa, kayadene Sultan Yogya, Sunan Solo, Sri Pakualam lan Sri Mangkunegoro padha di­undang nyang Jakarta. Ditetepake ka­lung­guhane kaya ing sakawit, mung bae sebutane dilarasake karo cara Jepang. Da­di Yogya-Koo, Solo-Koo, Pakualam-Koo lan Mangkunegoro-Koo. Dadi ora mung wektu, jam, sasi, taun bae, kantor dalah sekolahan-sekolahan sing di “Je­pang”-ake, uga gelar bangsawan Jawa ku­du katut dadi Jepang.

Ngenani pegawai-pegawai Landa lan manca liyane, bareng Jepang kelakon me­nang, enggal bae padha dicopoti lan dile­bokake kam interniran. Mung ana sawa­tara tenaga manca sing sakira dianggep ora bisa diganti ngelmu utawa katiyasane, diejarake nganti sawatara wektu/wulan suwene. Ngenani pengawal pamong-pra­ja pribumi, ora ana owah-owahan, kejaba mung sebutane. Upamane bae: bupati dadi (kenchoo), patih (fuku-ken­choo), wedana (gunchoo), camat (son­choo).

Dene sing dadi Residen, tetep wong Jepang, mung tembene bae R. Soetardjo dhek jaman Landa nate dadi Patih Gresik lan dadi warga Volksraad (Dewan Rak­yat) banjur disengkakake dadi Residen Jakarta. Ning, liyane kuwi kabeh wong Jepang, saka kalangan militer, pangkat: K o l o n e l. Dene pangkat “gubernur” ja­man Landa, diilangi dadi tanah Jawa saikine mung dumadi saka sapropinsi (sing ing ndalem prakteke ora nate kocap) dipandhegani: gunseikan, manggon ing Jakarta.

Mung bae, kabeh-kabeh ing ndalem prakteke, sing kuwasa lan sing nindakake peprentahan, pihak militer. Kabeh-kabeh kudu manut lan tundhuk marang disiplin militer. Kanggone pihak Jepang, sain­denge kepuloan lan tlatah sing wis kela­kon direbut saka tangane mungsuh, kuwi dianggep jajahane, kalonine sing banget nguntungake. Merga sugih guru bakal guru dadi, iya sing rupa pamelikan, iya sing rupa asiling tetanen lan sapanung­galane maneh.

Apamaneh pulo Jawa, sing ora mung gemah ripah loh Jinawi bae, ning uga su­gih karo tenaga karya sing bisa dipigunak­ake kanggo mbiyantu laku jinantraning perang. Dadi, iya ora aran nggumunake ma­nawa tekad utawa niyate kaum nasio­nalis Indonesia anggone kepengin man­dhiri kuwi, ing kawitan babarpisan ora nate direwes Jepang. Malah-malah, kena diaturake: pepenginan mandhiri, merdeka kuwi mau dijithes.

Antarane pemerintahan kaigun lan rikugun, babarpisan ora ana gan­dheng rentenge. Kejaba ing Jakarta ana perwakilan AL, Laksamana Tadai­chi Maeda. Pemerintahan ing pulo Ja­wa dianggo panutan peprentahan pulo liyane, lan pulo Jawa mula sengaja di­anggo papan pacoban anggone Je­pang nedya nindakake peraturane.

Upamane bae, ngenani cara propaganda marang rakyat. Teori-teori pro­paganda iya sing ngenani pers, sandiwara sebangsane ngono mau, di­wiwiti ing pulo Jawa. Klebu uga nge­nani cara lan pratikele masa organisasi massa. Tanah Jawa tetep dianggep pun­jering kegiyatan, sing dadi kawiga­tene dhaerah liyane. Sing diwe­deni ba­nget rakyat kabeh bae, kuwi pulisi-mili­­ter sing basa Jepange disebut kenpei-tai, pulisi militer. Soale, iya kenpeitai iku sing kesuwur kejeme, lan bisa tumindak apa bae kanthi pawadan sing miturut penemune dheweke: bener. Kesuwur anggone kejam, keji, bengis, sadis, deksiya. Sapa bae, yen kena perka­ra utawa kena urusan karo kenpeitai, bisa dipesthekake bakal koncatan nyawa. Uta­wa saora-orane, yen ta kelakon isih urip, tertamtu baline saka tawanan, dadi be­ngep, lencu, babak bundhas. Kathik kudu meneng, merga diwanti-wanti ora kena nyritakake sakehing lelakone rikala diprik­sa kenpeitai kuwi mau.

Angkatan Darat Kekaisaran Jepang

Dene sing dadi kurbane keh-kehane bangsa Tionghoa, utawa iya sapa, bae. Delasan Bupati Blitar karo Bupat Probo­linggo iya dikabarake katut dadi kurbane kekejamane kenpeitai iki. Sang bupati anane nganti kecekel kenpeitai, merga didakwa isih tetep setiya nyang pemeren­tahan Landa. Utawa anggone nindakake ayahan dianggep lelawanan karo disiplin militer Jepang. Uga bupati ing tlatah Ambon lan Luhu padha wae, padha dadi kurban.

Lha bareng Jepang nganggep wis kalamangsane ngerigake sakehing tenaga ing pulo Jawa, iya tenaga pribumi, Cina, Ambon, Arab, wong manca liyane, kathik suwasana perang saya nelakake Jepang wiwit kedhodhoran lan kontit ing meh saben pelagan, ing tanah Jawa banjur di­ba­ngun: Djawa Hookoo-Kai, kebaktian Rakyat (pulo) Jawa.

Bareng Djawa Hookoo Kai kelakon madeg, banjur wiwit didhapuk apa sing diarani:tonarikumi, sing nganti titi mangsane saiki katelah Rukun Tetangga kuwi. Dumadi saka sakumpulane kulawar­ga ing sawijining papan. Ketuwane dise­but: kumichoo. Sadhuwure: tonarikumi, ana a z a, Rukun Warga sing diketuwani: azachoo. Ketua Rukun Warga. Pak Lurah manawa aweh wara-wara, cukup liwat bebadan loro iki mau bae. Uga tamu-tamu sing nginep neng omahe warga, iya kudu nyang kumicho iki mau, sing sabanjure nerusake lapuran nyang Ki Lurah.

Umume para pamong praja dhek sa­mana padha dilatih, sing pangkat cen­dhek cukup dilatih ing ibukota Syuu (ka­re­sidhenan) bae, dene sing luwih dhuwur pangkate ana Jakarta, umume sesasi utawa telung sasi. Giliran. Ing ndalem latihan iki, kejaba diwulang baris-berbaris kaya militer, uga diweleg bab “semangat” Nippon. Siyaga melu mbangun Asia Timur Raya pimpinan Dai Nippon.

Ngenani anane tenaga-tenaga Landa (lan Eropa liyane) sing isih dianggo kuwi, satemene pihak Jepang dhewe saduru­nge uga wis nyiapake tenaga-tenaga ahline. Malah, rikala Landa teluk neng Jepang dhek 8 Maret 1942 kae, sesasinan sawise kuwi Jepang dibudhalake seke­lompok tenaga ahli, sing kajibahan nggenteni tenaga-tenaga Landa lan Eropa liyane kuwi. Cilakane kapal “Taiyo Ma­ru” sing ngangkut tenaga ahli mau ing ndalan kena torpedo mungsuh. Kerem, be­ba­rengan karo para tenaga ahli mau ka­beh. Perlu dikawuningani, manawa dhek jaman penjajahan Landa mono, warga negara Landa kuwi uga dibagi, sapa sing mbagi lan merang-merang ora nate ditelusuri. Bisa uga kalangane Landa-Landa mau dhewe.

Yaiku Landa totok, Landa sing isih utuh, murni 100% teka saka Neder­land kana. Terus Landa murni sing lair ing bumi Nusantara kene, sing sa­banjure disebut Indische Neder­land. Lha sing nomer telu: Landa Indo, Landa pranakan, sing getihe wis campur karo bangsa liya, bangsa pribumi kene. Nadyan kalungguhane Landa Indo iki dianggep paling asor, ning ing ndalem praktek saben dinane iya isih tetep merdeka, rumangsa lu­wih dhuwur katimbang bangsa pribu­mi, kaum inlander.

Bareng Jepang teka ing sakawit kaum Indo-Landa iya isih kena bae makarti, ning sabanjure uga banjur akeh sing diganti tenaga Indonesia. Kajaba ndhapuk tonarikumi, aza ba­rang mau, Jepang uga mbangun bebadan anyar, Keibodan pembantu pulisi sing ditugasi mbiyantu Pemerintah (pulisi) njaga keamanan, mriksa lan ngontrol pe­nyetoran pari, mriksa tanduran jarak, sing lengane kandhane bisa kanggo mlitur motor pesawat terbang. Jepang mula sre­gep lan sering mbangun badan anyar, ning sing cetha bae, panguripane para kawula cilik saya suwe saya mehek-mehek. Saya ngrekasa, bener banget apa sing dikandhakake Cak Durasim, pelawak ludruk saka Surabaya kae, “Pagupon omahe dara, melok Nippon tambah sang­sara!”

Merga saka gandhangane kuwi mau, Cak Durasim kepeksa pisahan karo nya­wane. (*)

Sumber : http://www.panjebarsemangat.co.id/sejarah

Legenda

LEGENDA DESA SELOMERTO

WONOSOBO

Legenda desa Selomerto menika boten saged ucul saking asal-usule kabentuke kota Wonosobo. Desa Selomerto menika cikal bakal wontene kota Wonosobo, legendane di wiwiti saking cerita tapak tilase tiga pangembara ingkang gadahi asma Kyai Kolodete,Kyai Karim, lan Kyai Walik. Tiga pangembara menika manggen wonten ing daerah ing Wonosobo Kyai Kolodete wonten ing daerah Dieng,Kyai Karim wonten ing daerah Kalibeber,lan Kyai Walik wonten ing pusat kota Wonosobo. Saking tiga pangembara menika banjur gadhahi keturunan ingkang dados panguasa wonten ing kota Wonosobo.

Saking keturunan menika wonten satunggal wayah kang pikantuk hadiah saking Kraton Mataram,hadiah menika awujud wilayah kekuasaan wonten ing daerah Selomerto. Wayah ingkang pikantuk hadiah menika asmanipun Tumenggung Jogonegoro. Tumenggung Jogonegoro banjur dados panguasa pertama kang nguasani wilayah Selomerto. Tapak tilas Tumenggung Jogonegora saged di temukakaen wonten ing pasarean desa Pakuncen Kecamatan Leksono. Banjur Selomerto menika dadi pusat pertama kota Wonosobo sak derenge di pindah wonten ing Wonosobo pusat kalih Bupati Setjonegoro.

Wontene asma Wonosobo menika di pundut saking satunggale asma dusun wonten ing Plobangan Kecamatan Selomerto yaiku Wanasaba. Wonosobo menika saking kalih tembuung “wono” lan “sobo”. Wono menika tegese sawah lan sobo menika tegese mengunjungi. Asma menika di pundut amargi Wonosobo kota wonten ing daerah pesawahan lan pagunungan kados desa Selomerto ingkang hampir sebagian besar daerahe pesawahan lan pagunungan. Selomerto menika daerah ingkang cocok kagem peternakan.pertanian. lan perkebunan amargi daerahe ingkang strategis lan gampang anggene angsal toya kagem ngaliri sawah menika.

Menika legendane desa Selomerto ingkang wonten gathukipun kaliyan legenda kota Wonosobo.

Asal-usulipun Kutha Wonosobo

CIKAL BAKAL KOTA WONOSOBO

Cikal bakal kota Wonnosobo menika dipun wiwiti saking abad-18 wonten tiga pertapa asmanipun Kyai Kolotede,Kyai Karim, lan Kyai Walik ingkang miwiti mbangun desa wonten ing Wonosobo. Kyai Kolotede wonten ing daerah Dieng, Kyai Karim wonten ing daerah Kalibeber,lan Kyai Walik wonten ing pusat kota Wonosobo. Para kyai menika dipun anggep dados cikal bakal kota Wonosobo . lajeng rawuh panguawasa Kota Wonosobo kados Tumenggung Kartawasesa wonten ing selomanik,wonten ing plobangan wonten Tumenggung Wiraduta,lan ugi wayahipun Kyai Karim asmanipun Kyai Singowedana panguasa wontgen ing pusat kota Wonosobo ingkang angsal hadiyah saking kerajaan Mataram menika daerah kakuasaan wonten ing daerah Selomerto. Saking abad-17 agama islam sampun mulai berkembang wonten ing kota Wonosobo dipun wiwiti saking Kyai Asmarasufi inggih menika wayahipun Ki Waraduta,lan ugi dados cikal bakal wontenipun pesantren ing wonosobo.

Wonosobo menika salah satunggalipun daerah pertahanan masa peperanganipun Pangeran Diponegoro tahun 1825-1830. Daerah pertahananipun wonten ing gowong lodok,sapuran,plunjaran,lan daerah kertek. Wonosobo dados medan pertahanan Diponegora anggenipun perang nglawan Belanda lan ugi tentara Eropa. Selomerto menika dados pusat kekuasaa wonosobo sakderengipun pindah wonten ing Wnososbo pusat daening Bupati Setjonegara. Tanggal 2 April 1996 wonten seminar hari jadi Wonosobo ingkang dipun rawuhi tim peneliti hari jadi kota Wonosobo saking fakultas sastra UGM,Muspida,sesepun lan pinisepuh saking jakarta,semarang,yogyakarta,lan DP KD kota Wonosobo netepaken tanggal 24 Juli 1825 dados hari jadi Wonosobo,lan sampun dipun tetepaken dados perda wonten ing sidang pleno DPRD kabupaten Wonosobo tanggal 11 juli 1994.

Wonosobo menika saking kalih tembung “wono” lan “sobo”,wono menika gadha teges sabin lan sobo menika mengunjungi,asma menika adhidasar daerah Wonosobo menika wonten ing pegunungan ingkang kathah hutan, lan hawa wonten ing wonosobo ugi sejuk. Wonosobo sampun katahah angsal piala ADIPURA amargi letak Wonosobo inbgkang strategis. Semboyan kagem kota Wonosobo yaiku “WONOSOBO ASRI (AMAN,SEHAT,RAPI,INDAH)”.

Asal-usulipun Desa Gondanglegi Kabupaten Malang

Asal-usule Gondanglegi

Gondanglegi menika salah satunggaling kecamatan sing ana ing Kabupaten Malang. Senajan Gondanglegi menika jenenge kecamatan, nanging sejatine Gondanglegi menika jenenge desa sing kawentar ing Kabupaten Malang. Gondanglegi kawentar amarga desa iki dadi tulang punggung produksi tebu ing Malang.

Panggone sing ana ing tengah-tengah Kabupaten Malang sing sisih kidul lan dadi jalur utama transportasi antar kutha, ndadekake desa iki rame banget meh padha kaya ing kutha Malang. Jeneng Gondanglegi dijupuk saka tembung “gondang” sing duwe makna jenenge wit-witan lan “legi” utawa tembung manis ing basa Indonesia.

Ana crita sing wis kawentar ing Gondanglegi babagan crita asal-usule Desa Gondanglegi. Yen wong-wong Gondanglegi ngomong, Gondanglegi iki ana amarga Mbah Sogol sing wani babat alas ing daerah iki. Yen lengkape crita iku kaya mengkene.

Ing jaman biyen sawektu Kraton Mataram lagi ana perang, ana pertapan sing jenenge Mbah Sogol. Miturut sesepuh desa sing saiki njaga pesareane Mbah Sogol, Mbah Sogol menika wonge sakti. Sanajan sakti Mbah Sogol ora gelem melu perang, dadi pindah menyang daerah ing Jawa sing sisih Wetan.

Gondanglegi iku ing jaman biyen mung alas sing akeh wit gondange. Wit gondang iku yen dakdeskripsikake wite gedhe kaya wit-witan lumrah nanging wohe ora tukul ing pang. Dadi tukule iku langsung metu saka ing wit utawa kayune. Wohe rupane kaya jambu kluthuk nanging rasane pait sepoh.

Sawektu Mbah sogol babat alas, woh gondang iku dimaem. Ora ana rasa pait sawektu Mbah Sogol maem who gondang iku mau. Malah, woh gondang sing rasane pait rasane dadi legi. Sakwise kedadeyan iku daerah sing akeh wit gondang mau diarani Gondanglegi.

@sayidatul Khoiriah