Cerkak

Sinopsis Cerkak “Paku Pojok Blumbang”

Judul               : Paku Pojok Blumbang

Panulis             : Tiwiek S.A

Sumber            : Panyebar Semangat, edisi 21, 26 Mei 2012 kaca 23-24

Sinopsise         :

Pak Wigan, tanggane Jail duwe kekarepan meh dhuwurake pager tembok ing sakelilinge blumbang. Oleh pirang dina kekarepan iku mau wis bisa kelakon olehe nyicil nggawe tembok. Jail sing omahe dempet karo omahe Pak Wigan banjur protes. Jail ngomong yen pager iku ngalang-ngalangi srengenge sing mlebu nang omahe. Pak Wigan ora nggagas protese Jail, amarga ing jaman samono Jail uga protes babagan blumbang.

Ngerti jawabane Pak Wigan sing kaya mengkono, Jail serik atine. Mulane dheweke ngomong menyang Ngatemo yen meh ngrusuhi blumbange Pak Wigan maneh. Dheweke ngomong yen meh nyebar paku teyengen sing luwih akeh.

Pancene, yen panggaweyan sing diniyati elek mesti metu wohe sing elek uga. Nalika Jail wis rampung nyebar paku teyengen, ndilalah anake ngomong yen butuh dhuwit kanggo mbayar rekreasi ing sekolahe. Jail sing ora ana cekelan dhuwit dadi bingung atine. Pas wis buntet olehe mikir, Jail krungu kabar yen Pak Wigan nglayat menyang Ngawi.

Wah, batine Jail “beja tenan iki”. Dheweke arep njupuki lele sing ana ing blumbange Pak Wigan. Wis ditata tenanan carane Jail ben bisa sukses njupuki lele sing wis wayah panen iku mau. Tapi, apes amarga awit awal wis duwe niyat sing ala mau. Sawektu Jail meh nyerehi lele, awake ora kuwat nggawa irig isi lele. Awake Jail banjur tiba ning jero blumbang lan apese sikile kena paku sing disebar dewe. Jebule iki sing diarani “sapa nandur bakal ngunduh”.

Sayidatul Khoiriah

2601413005

Rombel-1