Cerita Rakyat-Timun Mas

TIMUN MAS

————————————————————————————————————————

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.

Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.

Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.

Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.

Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.

Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.

Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.

Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.

Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.

Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.

Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

Resensi novel basa Jawa-Sang Pangeran Pati

RESENSI NOVEL “SANG PANGERAN PATI”

Fitri Gunawan

 

  1. Identitas Novel :
  • Penulis : Fitri Gunawan
  • Penerbit : Q Publisher
  • Tahun Terbit : 2013
  • Tebal : 203 halaman
  • ISBN : 978-802-14227-0-0
  • Dimensi : 18 x 13 cm
  • Jenis Kertas : Kertas Buram
  1. Sinopsis

Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.

Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.

  1. Unsur Intrinsik Novel
  2. Tema : Kejujuran lan Kesetiaan
  3. Latar Belakang :

Novel “Sang Pangeran Pati” iku nggambarake kahanan nyata ana ing dunia jurnalistik kang gamblang lan tanpa tadeng aling-aling penulis nyuguhake maslah-masalah kanggo bahasa sing bis agampang langsung di ngerteni marang pembaca. Novel iki adhidasar saka masalah umum sosial lan masalah katresnanan kang di padu dadi siji. Wong urip iku ora mung ngandelake kakuasaan lan jabatan nanging uga kudu mikirake rasane wong liya terutama bawahan. Wong urip kuwi kudu duweni sifat welas asih marang wong liya lan kudu andap asor anggone njaluk pitulung marang wong liya. Ana ing novel iki cetha nyritakake penguasa utawa pemimpin kang ora bisa andhap asor lan welas asih sing kegambar ana ing tokoh Suryo. Konflik sing di gawe ana ing novel iki kaya-kaya ana ing dunia nyata jurnalistik. Konflike di dadekake bahan kanggo ngembangake isi novel,nanging masalah katresnan antar tokoh ora di gambarake cetha marang penulis.

Iku kabeh sing gawe novel “Sang Pangeran Pati” katon nyata konflik masalah utamane lan bisa di waca kanggo kabeh kalangan amarga ora akeh masalah tresnane.

  1. Waktu :
  2. Pagi            ( “sugeng enjang Mas Suryo” )
  3. Siang ( “… Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan”)
  4. Sore (“selamat sore Pak Suryo”)
  5. Malam (wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu esuk              kudu wis di pasarna)
  1. Suasana :
  2. Duka
  3. Sedih
  4. Seneng
  5. Haru
  6. Alur : Maju
  7. Gaya Bahasa : Bahasa Jawa Modern
  8. Amanat : Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.
  9. Penokohan :
  10. Suryo Baskoro : pidegsa,pinter,sregep,andap asor,pendendam,ora gelem kalah,temen.
  11. Prihastuti Kusumo : welas asih,androgini,andap asor,pinter,sumeh,ngalahan.
  12. Sri Wahyuni : setia,sregep,tlaten,temen.
  13. Basuki : sregep,nrimanan,andap asor,sopan.
  14. Rudi Hamonangan : pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten.
  15. Aryo Guritno : licik,drengki.
  16. Mardanu : licik, drengki, pinter.
  17. Wibisono : eman,andap asor,setia.
  18. Surtikanthi : setia,andap asor,welas asih,pinter.
  19. Suryawati Suminar : manut,amanat,setia.
  20. Broto Kusumo : tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang percaya karo wong liya.
  21. Wisnu Kusumo : manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap asor,welas asih.
  1. Sudut Pandang : orang ketiga serba tahu
  1. Kelebihan Novel

Novel sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia jurnalistik nganggo bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa modern. Unsur roman kang di tulis dening penulis mung dadi bumbu penyedap ana ing novel iki dadekake novel iki bisa di tampa dening kabeh kalangan. Novel iki uga blaka suta anggone nyeritakake konflik utamane. Penulis pinter anggone bungkus masalah kang wigati naging ora gawe pembaca kaget. Lan gawe penasaran endinge kaya apa.

  1. Kelemahan Novel

            Novel iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo. Dealeg sing di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca sing saka daerah “ngapak” anggel anggone mangerteni makna kang sebenere. Lan gaya penbulisane gawe bosen pembaca amarga terlalu rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca ora rampung-rampung.

  1. Saran atau Manfaat Novel
  2. Saran

Saran kanggo novel SPT iki luwih becik di tulis nganggo bentuk prosa dadi ora gawe bosen lan ukuran font luwih di pertimbangaken. Nganggo bahasa jawa kang umum supayane bisa di cerna karo beda dialeg.

  1. Manfaat

      Manfaat kang bisa di jupuk saka novel SPT iki yaiku ngajarake kejujuran lan keseliaan marang wong liya lan ngajaraken carane andap asor,welas asih lan tegas karo keputusan,nanging ora semena-mena karo bawahan.

Cerkak

Jaman Pusaka Kanjeng Kyai Upas

Dening: Sri Astuti Triwida

Saben sasi sura wong jawa umume padha nganakake upacara sasi suran minangka rasa suka lan syukur marang Gusti Allah. Kaya upacara Srana Mulya Jamasan pusaka Kanjeng Kyai Upas kang di anakake pendhak sasi sura ing Kab.Tulungagung. Pusaka Kanjeng Kyai Upas kuwi asal usule saka Kraton Mataram nanging banjur di paringake marang KRT Pringgodiningrat kang jumeneng ana ing Kab.Ngrawa amarga ora kuat kanggonan. Para warga isih akeh sing percaya yen pusaka kasebut bisa nekakake bilahi kayata banjir bandhang,lelara,lan sakpiturute. Yen di pindahake saka Tulunggagung utawa kurang anggone ngrumat. Sejarah asal usule Tumbak Kyai Upas di wiwiti saka Kerajaan Majapahit. Akeh kaluwarga Raja kang mlayu ana ing Bali,Jawa tengah utawa Jawa Kulon. Kaluwarga sing mlayu menyang Jawa Tengah ana sing isa babad alas ing tlatah mataram cedhak Rawa Pening Ambarawa utawa Ambahrawa asmane Kyai Wanabaya. Banjur Kyai Wanabaya nganakake slametan bersih desa di ewangi karo pamuda desa. Para pamuda mau di dhawuhi kanggo gawa gaman nanging ana salah sijine pamuda prawan sing ora gawa gaman banjur di ampili gaman kang awujug pusaka naging ana pantangane,pantangane yaiku pusaka kuwi ora pareng di pangku marang wong wedok. Nanging sanalika bocah prawan mau kuwi arep leren,deweke lali mangku pusaka kuwi banjur kedaden keanehan marang pusaka kuwi. Pusaka kuwi banjur ngrabeni pamuda kuwi.pamuda kuwi durung tau rabi banjur isin lan banjur matur karo Kyai Wanabaya. Kyai Wanabaya mireng kabar kuwi langsung tindak mertapa ana ing puncake gunung Merapi,ing sawijine dina bocah mau lairan nanging sing di lairna dudu manungsa nanging bayi ula naga banjur di paringi asma Baru Klinthing.

Sak mlakune dina,Baru Klinthing dadi dewasa banjur kepingin ngerti sapa ramane. Ibune banjur kandha yen ramane Baru Klinthing sejatine Kyai Wanabaya kang lagi mertapa ana ing puncak gunung Merapi. Banjur Baru Klinthing age age nyusul ramane ing gunung Merapi. Nanging Kyai Wanabaya ora langsung ngakoni yen Baru Klinthing kuwi anake. Baru Klinthing di dhawuhi nglingkeri puncake gunung Merapi tepung gelang. Sejatine Baru Klinthing isa senajan di sambung karo ilate,nanging Kyai Wanabaya nugel ilate Baru Klinthing banjur dadi pusaka kang awujud tumbak,Baru Klinthing ngerti yen ilate di kethok banjur mlayu ngidul banjur nyemplung banyu lan dadi kayu. Kayu mau banjur kanggo tombak mau si jenengi “ kyai upas”. Sak wise Kyai Wanabaya seda,pusaka kyai upas diwarisake marang putrane yaiku Ki Ageng Mangir. Banjur Ki Ageng Mangir dadi sekti mandra guna lan dadi panguasa ing dusun Mangir. Kejayaan Ki Ageng Mangir tekan talingane Sang Prabu ing Mataram banjur sang prabu siring lan ngajak perang karo Ki Ageng Mangir nanging sang Prabu Mataram kalah nganggo “kyai upas”. Banjur Ki Ageng Mangir lan Sang Prabu Mataram dadi musuh bebuyutan.

Sang Prabu gadhah putri kang ayu asmane Putri Pambayun. Ki Ageng Mangir ngerti banjurt kepincut karo putri Pembayun lan dadi garwane. Putri Pambayun banjur dhawuhi Ki Ageng Mangir kanggo sungkem karo ramane. Selagi Ki Ageng Mangir sungkem sirahe dening Sang Nata di gedhukake dhampan keprabon kang wujud watu nganti tunekeng pati. Banjur jasade Ki Ageng Mangir separo di sarekake ana ing sak jerone benteng lan separone maneh ana ing sak jabane benteng. Bab iku mratelakake ing semu Ki Ageng Mangir mungsung ning uga putra mantu kang kegestrah Mataram. Saka kedadean kuwi banjur sang prabu maringake pusaka tumbak kyai upas marang putrane kang jumeneng Bupati ing Kabupaten Nragawa,yaiku Kabupaten Tulungagung saiki. Saka sejarah kuwi banjur saben sasi sura di anakake kiraban sing di pimpin karo Bupati Tulungagung.

Pengertian Geguritan, Contoh Geguritan

GEGURITAN

  1. Pengertian Geguritan

                Geguritan merupakan sastra kuno yang memiliki ciri sastra lama atau klasik yang berifat anonim yaitu tanpa nama pengarang dan penulis. Hal ini disebabkan pada zamanya seorang penulis tidak mau menonjolkan diri dan karyanya dianggap milik bersama.
Kata geguritan dalam kamus Bali – Indonesia berasal dari kata gurit artinya ‘gubah’, ‘karang’, ‘sadur,. (Depdiknas Prop. Bali, 1991 :254). Dalam Kamus Umum Bahasa Indonesia dijelaskan “geguritan itu berasal dari kata gurit artinya sajak atau syair” (Poerwadarminta, 1986 :161), sedangkan dalam Kamus Kawi Indonesia diungkapkan gurit artinya goresan, dituliskan.

(TimPenyusun.1996:118).
Berdasarkan pandangan di atas maka pengertian geguritan adalah ciptaan sastra berbentuk syair yang biasanya dilagukan dengan tembang (pupuh) yang sangat merdu.

  1. Cara menulis Geguritan
  2. Mengidentifikasi beberapa pengalaman menarik yang telah dialami.
  3. Memilih salah satu pengalaman yang mengesankan sebagai bahan untuk menulis sebuah geguritan.
  4. Menentukan dan menulis pilihan kata yang tepat, indah, dan bermakna untuk dijadikan bahan dalam menulis geguritan.
  5. Menulis larik-larik geguritan berdasarkan pilihan kata yang tepat
  6. Menyunting geguritan yang telah ditulisnya sendiri maupun yang ditulis temannya
  1. Geguritan yang baik itu seperti apa?

                Ciri yang kental di dalam sebuah geguritan adalah adanya pupuh-pupuh yang membentuk geguritan tersebut seperti pupuh yang terdapat dalam tembang Macapat. Oleh karenanya di dalam menikmati geguritan dalam membacanya tidak bisa disamakan dengan membaca karya sastra yang tergolong prosa. Geguritan hendaknya dinikmati dengan membaca sambil melagukan sehingga nikmat yang didapatkan semakin terasa. Penilaian geguritan yang baik yaitu ada aspek kesesuaian isi dengan judul, ada aspek keselarasan rima, ada aspek pemilihan diksi.

  1. Contoh Geguritan.

 

ELING
Para mudha…
Elinga marang agama
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang bisa dadi gegamaning ati

Para mudha…
Elinga marang wong tua
Aja nganti tumindak durhaka
Mengko mundak mlebu neraka

Para mudha…
Elinga marang bangsa lan nagara
Aja mung padha suka-suka
Gawe maksiat sarta dosa
Nganti lali nerak marang angger-anggering agama

Elinga…
Urip iku mung sepisan
Aja nganti congkrah marang liyan
Kareben tentrem urip bebrayan

             KATRESNAN
Sukma ana tanpa raga
Ati lara tanpa upama
Sing ditresnani ilang tanpa bali
Tekaning kapan aku kudu ngenteni

Aku kangen marang sliramu
Marang tangis lan guyumu
Dhuh Gusti apa iki cobaan kanggoku
Paringana kesabaran marang aku

Dhuh gusti paringana welas-Mu
Kanggo aku lan keluwargaku
Namung kuwi panjalukku

KUCING

kucing jaman saiki ora doyan balung utawa eri

kucing jaman saiki senengane roti mari

kucing jaman saiki ora gelem omah buri

kucing jaman saiki panganggone jas lan dasi

owalah kucing-kucing

apa kowe ora duwe ati?

apa kowe uwis lali?

sapa kang wis ngangkat kowe ana dhuwur kursi

kursi kang aneng buri pager wesi

pager kang dijaga dening para kurcaci

 

Ayo nulis Geguritan_unsur dalam geguritan

UNSUR-UNSUR GEGURITAN

            Unsur geguritan kang umum di temokaken yaiku unsur intrinsik geguritan. Unsur intrinsik geguritan ana lima,yaiku:

  1. Tema

Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. Tuladha tema yaiku: Ketuhanan, kemanusiaan, patriotisme, demokrasi lan tema keadilan sosial. Sawijining geguritan terkadhang ngandhut kabeh tema mau, jalaran geguritan pancen linuwih ing makna.

 

  1. Citraan

Gambaran angen angen utawa imajinasi panganggit kang kalairake liwat indra. Gambaran angen angen iku ana kalane kasil liwat indra pandeleng, indra pangrungu, indra pangecap, indra pangrasa, lan indra pangganda.

  1. Diksi

Pilihan tembung uga diarani Diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (denotatif), tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.

  1. Gaya Bahasa

Liwat asil karyane panganggit uga kepingin ngandharake rasa pangrasane. Kanggo nggayuh pepinginan kasebut, panganggit mbudidaya kanthi milih tembung tembung kang dironce saengga mujudake ukara kang ngandhut lelewaning basa utawa lumrah diarani gaya bahasa.

Tuladha lelewaning bahasa utawa gaya bahasa:

  1. Personifikasi

Gaya bahasa personifikasi mujudake tumindake samubabrag kadidene manungsa, bisa ngrasakake bungah utawa seneng, gumuyu, lumake, gegojegan, lan sapanunggalane.

  1. Metafora

gaya bahasa metafora, minangka srana tumaping panganggit kanggo mbudidaya supaya para maos kanthi gamblang anggone mbayangake gegambaran kang kinandhut ing sajroning geguritan. Mbandingake sawijining barang marang barang liyane kang nduweni sifat padha.

  1. Repetisi

gaya bahasa repetisi digunakake dening panganggit nalika kepingin njelasake maksud ing sajroning geguritan, kanthi mbolan mbaleni tembung.

  1. Latar

Latar kanggo ngambarake panggonan, wektu, lan kahanan kang bisa narik kawigaten kang maca utawa ngrungokake geguritan