Tradhisi Rebo Wekasan

 

 

 

Tradhisi rebo wekasan menika salah setunggal tradhisi ingkang misuwur sarta tasih dipunpengeti dening warga desa Karangmalang. desa Karangmalang menika nama salah setunggal desa wonten ing kecamatan Gebog. Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan ingkang wonten ing kabupaten Kudus. Dunungipun wonteb ing ampeyanipun redi muria. Pendhudhuk desa Karangmalang menika pakaryanipun sadean, pengusaha konveksi, pengusaha batik, sarta tani. Agami ingkang dipunanut wonten ing desa Karangmalang inggih menika agami islam. Pramila sedaya tradhisi ingkang woten ing desa Karangmalang menika sami campur kalayan agami islam.

Tradhisi rebo wekasan menika domados saking kalih tembung, inggih menika “rebo” ingkang tegesipun ‘dinten rebo’ sarta wekasan ingakg tegesipun ‘pungkasan’. Tradhisi rebo wekasan ugi asring dipunwastani tradhisi “toya salamun”. Tradhisi menika dipunlampahi wonten ing dinten rebo pungkasan wulan sapar. Tatacaranipun inggih menika dipunwiwiti milahi rampung salat maghrib. Sasampunipun salat maghrib, para warga desa Karangmalang kempal wonnten ing mejid. Lajeng sami maos surat yasin sepisan. Nalika dumugi ayat salamunqoulanminrobbirrahim dipunwaos kaping 313. Sasampunipun lajeng smi sesarengan salat isya. Sederengipun salat isya, kawula enem utawi remaja masjid sami nyepakaken embor ageng, toya, dluwang, sarta pulpen. Toya menika lajeng dipunlebetaken dhateng embor. Lajeng dluwang menika dipunserati ayat salamunqoulanminrobbirrahim, lajeeng dipuncemplungaken wonten ing toya menika. Sasampunipun, remaja masjid bandumaken toya menika dhhateng para rawuh. Tradhisi menika dipunpandegani dhateng pak modin sarta dipuntumuti dening sedaya warga desa Karangmalang.

Ancasipun tradhisi menika inggih kagem ngemutaken para warga supados sami dedonga amargi wonten ing dinten rebo menika Allah nurunaken coba utawi bala kathahipun 320.000 kagem manungsa. Saengga, dedonga menika dados setunggal sarana kagem nulk coba menika.

Tradisi Apitan

“TRADHISI APITAN”

WONTEN DESA GEMULAK KECAMATAN SAYUNG KABUPATEN DEMAK

           

            Apitan inggih menika sawijining tradhisi ingkang taksih ngrembaka lan lestantun. Tradhisi menika mapan wonten Desa Gemulak, Kecamatan Sayung Kabupaten Demak Jawa Tengah. Desa menika kalebet desa ingkang mapanipun strategis. Amargi mapan wonten pinggiring margi pantura. Langkung trepipun wonten kecamatan perbatasan Kutha Semarang-Demak sisih wetan.

Sejatosipun tradhisi apitan menika sami kaliyan sedhekah bumi wonten ing wewengkon sanesipun. Amargi tradhisi menika dipunlaksanaaken wonten sasi Apit minangka wujud dedonga kaliyan Gusti ingkang murbeng jagad ingkang sampun paring kanugrahan berkah kanikmatan kang awujud asil tetanen, tetanduran, lan kasil saking olah tetanen kalawau. Saengga lumantar tradhisi menika ingkang nglumantaraken sesaji dhumateng Dewi Sri minangka Dewi pari menika saged ngasilaken olah retanen ingkang gemah ripah loh jinawi.

Tradhisi ingkang dipunkawontenaken saben sasi apit ing sasi Jawa menika dintenipun boten katetepaken kanthi mesthi. Ananging sasinipun kedah wonten sasi Apit. Tradhisi menika kawiwitan kaliyan donga sesarengan ingkang dipunpimpin kaliyan tokoh agami: Kyai) wonten desa menika.padhatanipun menika para warga sami makempal wonten lapangan desa utawi latar dalemipun Pak Lurah ingkang tradhisi menika dipunlaksanaaken. Para warga menika ingkang boten anamung tiyang sepuh kemawon, ananging ugi wonten bocah alit jaler estri ingkang sami ndherek. Samenika sami mbekta uba rampe ingkang arupi berkatan selametan ingkang isinipun nun inggih sekul, gudhangan, tigan, kering tempe, lan tahu tempe goring. Berkat ingkang dipunbekta saking dalem lajeng dipunsuntak wonten sanginggilipun alas godhong pisang ingkang sampun dipun gelar tumata wonten papan tradhisi Apitan menika minangka alas sesaji. Lajeng dipun urap( dipuncampur) dados setunggal ngantos donganipun paripurna.dipunlajengaken enggal-enggal dipunpendhet malih sekul berkatan ingkang sampun dipuntumplek utawi dipunsuntak kalawau saprelu dipunbekta wangsul malih. Anggenipun mendhet ugi kedah rikat. Amargi menawi boten, saged kegebyur toya kaliyan para perangkat desa ingkang sampun jumeneng wonten pinggir lan pojoking papan tradhisi menika. Jumeneng kanthi mbekta ember ingkang isinipun toya ingkang dipuncampur sumba( pewarna kain) lan warni-warninipun kewan kadosta: lintah, cacing, yuyu, welut, lsp. Samenika wonten kaunikanipun ingkang saben tiyang menika jarang ingkang mangertosi maksudipun. Samenika awujud simbolipun ama ingkang wonten saben ingkang kedah dipunbrantas. Salajengipun sekul ingkang sampun dipunbekta wangsul menika saged dipunsebar wonten saben lan lemah pekarangan piyambak-piyambak. Menika kanthi pangajeng-ajeng bilih kasilipun samangke saged kathah gemah ripah loh jinawi. Banjur kalajengaken adicara pagelaran wayang. Ingkang dipunwiwiti tabuh setunggal siyang ngantos sadalu wutuh.

Wacana sejarah bangsa

Dikuwasani AD lan AL

 


KAYADENE sing wis nate diaturake, dhek jaman penjajahan Jepang, Indonesia dikuwasani Angkatan Darat karo Angkatan Laut, rikugun karo kaigun. Nge­nani bab iku, mula wis ditetepake ing Tokyo dhek Nopember 1941, dadi sadu­runge pihak Jepang ngrabasa Hawai kae.

AD Jepang

Sarana mangkono, tata laire Indonesia banjur dipecah dadi loro, sing siji lan sijine ora gegandhengan babarpisan, keja­ba iya bageyane kekaisaran Jepang kuwi, sing seneng nyebut dhirine: Dai Nippon Teikoku. Nadyan “pecah dadi loro”, ning loro-lorone tetep nggumolong ing Asia Timur Raya, sing dikomandhani marsekal Hisaichi Terauchi sing markase manggon ing Singapore, sabanjure pin­dhah nyang Dallat (Viet Nam). Ing saka­wit para manggalaning perang ing wila­yah-wilayah sing wis kelakon direbut yen nganakake rembugan iya ing markase sang marsekal kuwi.

Sumatra papan pusate pemerentahan ing Bukittinggi, dumadi saka pasukan ke-16, sing uga nguwasani Bali. Lha pulo liya­ne, kayadene Kalimantan, Sulawesi da­lah Nusa Tenggara satleraman sing nyekel kekuwasaan dununge ing Mekasar, nduweni kantor cabange (minseibu) ing Pontianak, Banjarmasin, Mekasar, Mena­di, Ternate, Ambon, Hollandia (Jayapura) lan Kupang.

Wondene, ngenani tanah kerajaan, kayadene ing tanah Jawa kerajaan Solo lan Yogya, dalah dhaerah kasultanan, kaya dene Sultan Langkat, Cirebon lan sa­pa­nunggale maneh, dening Jepang tetep diupakara. Tegese, dijarake bae, ma­deg lan diakoni. Tertamtu kanthi syarat: kabeh-kabeh kudu nelakake tetep setia nyang Dai Nippon.

Lha ing perkembangane, ing antarane para Sultan mau, banjur ana sing disuja­nani, dianggep ora setiya marang pemerin­tah Jepang, ning tetep setiya nyang Ratu Landa. Upamane bae, Sultan Pontianak, sing meh sakukuban dhek taun 1944 pa­dha kapancasan ukum pati. Ha hiya iki sing nyebabake, salah siji turune Sultan Pontianak mau, tembene banjur den­dam, ngigit-igit banget nyang Jepang di­te­rusake nyang pihak Republik sing di­ang­gep gaweyane Jepang (made in Japan). Sultan Hamid II sing setiya tuhu nyang Ratu Juliana sarta banjur brontak nyang Republik.

Ngenani raja-raja ing tanah Jawa, kayadene Sultan Yogya, Sunan Solo, Sri Pakualam lan Sri Mangkunegoro padha di­undang nyang Jakarta. Ditetepake ka­lung­guhane kaya ing sakawit, mung bae sebutane dilarasake karo cara Jepang. Da­di Yogya-Koo, Solo-Koo, Pakualam-Koo lan Mangkunegoro-Koo. Dadi ora mung wektu, jam, sasi, taun bae, kantor dalah sekolahan-sekolahan sing di “Je­pang”-ake, uga gelar bangsawan Jawa ku­du katut dadi Jepang.

Ngenani pegawai-pegawai Landa lan manca liyane, bareng Jepang kelakon me­nang, enggal bae padha dicopoti lan dile­bokake kam interniran. Mung ana sawa­tara tenaga manca sing sakira dianggep ora bisa diganti ngelmu utawa katiyasane, diejarake nganti sawatara wektu/wulan suwene. Ngenani pengawal pamong-pra­ja pribumi, ora ana owah-owahan, kejaba mung sebutane. Upamane bae: bupati dadi (kenchoo), patih (fuku-ken­choo), wedana (gunchoo), camat (son­choo).

Dene sing dadi Residen, tetep wong Jepang, mung tembene bae R. Soetardjo dhek jaman Landa nate dadi Patih Gresik lan dadi warga Volksraad (Dewan Rak­yat) banjur disengkakake dadi Residen Jakarta. Ning, liyane kuwi kabeh wong Jepang, saka kalangan militer, pangkat: K o l o n e l. Dene pangkat “gubernur” ja­man Landa, diilangi dadi tanah Jawa saikine mung dumadi saka sapropinsi (sing ing ndalem prakteke ora nate kocap) dipandhegani: gunseikan, manggon ing Jakarta.

Mung bae, kabeh-kabeh ing ndalem prakteke, sing kuwasa lan sing nindakake peprentahan, pihak militer. Kabeh-kabeh kudu manut lan tundhuk marang disiplin militer. Kanggone pihak Jepang, sain­denge kepuloan lan tlatah sing wis kela­kon direbut saka tangane mungsuh, kuwi dianggep jajahane, kalonine sing banget nguntungake. Merga sugih guru bakal guru dadi, iya sing rupa pamelikan, iya sing rupa asiling tetanen lan sapanung­galane maneh.

Apamaneh pulo Jawa, sing ora mung gemah ripah loh Jinawi bae, ning uga su­gih karo tenaga karya sing bisa dipigunak­ake kanggo mbiyantu laku jinantraning perang. Dadi, iya ora aran nggumunake ma­nawa tekad utawa niyate kaum nasio­nalis Indonesia anggone kepengin man­dhiri kuwi, ing kawitan babarpisan ora nate direwes Jepang. Malah-malah, kena diaturake: pepenginan mandhiri, merdeka kuwi mau dijithes.

Antarane pemerintahan kaigun lan rikugun, babarpisan ora ana gan­dheng rentenge. Kejaba ing Jakarta ana perwakilan AL, Laksamana Tadai­chi Maeda. Pemerintahan ing pulo Ja­wa dianggo panutan peprentahan pulo liyane, lan pulo Jawa mula sengaja di­anggo papan pacoban anggone Je­pang nedya nindakake peraturane.

Upamane bae, ngenani cara propaganda marang rakyat. Teori-teori pro­paganda iya sing ngenani pers, sandiwara sebangsane ngono mau, di­wiwiti ing pulo Jawa. Klebu uga nge­nani cara lan pratikele masa organisasi massa. Tanah Jawa tetep dianggep pun­jering kegiyatan, sing dadi kawiga­tene dhaerah liyane. Sing diwe­deni ba­nget rakyat kabeh bae, kuwi pulisi-mili­­ter sing basa Jepange disebut kenpei-tai, pulisi militer. Soale, iya kenpeitai iku sing kesuwur kejeme, lan bisa tumindak apa bae kanthi pawadan sing miturut penemune dheweke: bener. Kesuwur anggone kejam, keji, bengis, sadis, deksiya. Sapa bae, yen kena perka­ra utawa kena urusan karo kenpeitai, bisa dipesthekake bakal koncatan nyawa. Uta­wa saora-orane, yen ta kelakon isih urip, tertamtu baline saka tawanan, dadi be­ngep, lencu, babak bundhas. Kathik kudu meneng, merga diwanti-wanti ora kena nyritakake sakehing lelakone rikala diprik­sa kenpeitai kuwi mau.

Angkatan Darat Kekaisaran Jepang

Dene sing dadi kurbane keh-kehane bangsa Tionghoa, utawa iya sapa, bae. Delasan Bupati Blitar karo Bupat Probo­linggo iya dikabarake katut dadi kurbane kekejamane kenpeitai iki. Sang bupati anane nganti kecekel kenpeitai, merga didakwa isih tetep setiya nyang pemeren­tahan Landa. Utawa anggone nindakake ayahan dianggep lelawanan karo disiplin militer Jepang. Uga bupati ing tlatah Ambon lan Luhu padha wae, padha dadi kurban.

Lha bareng Jepang nganggep wis kalamangsane ngerigake sakehing tenaga ing pulo Jawa, iya tenaga pribumi, Cina, Ambon, Arab, wong manca liyane, kathik suwasana perang saya nelakake Jepang wiwit kedhodhoran lan kontit ing meh saben pelagan, ing tanah Jawa banjur di­ba­ngun: Djawa Hookoo-Kai, kebaktian Rakyat (pulo) Jawa.

Bareng Djawa Hookoo Kai kelakon madeg, banjur wiwit didhapuk apa sing diarani:tonarikumi, sing nganti titi mangsane saiki katelah Rukun Tetangga kuwi. Dumadi saka sakumpulane kulawar­ga ing sawijining papan. Ketuwane dise­but: kumichoo. Sadhuwure: tonarikumi, ana a z a, Rukun Warga sing diketuwani: azachoo. Ketua Rukun Warga. Pak Lurah manawa aweh wara-wara, cukup liwat bebadan loro iki mau bae. Uga tamu-tamu sing nginep neng omahe warga, iya kudu nyang kumicho iki mau, sing sabanjure nerusake lapuran nyang Ki Lurah.

Umume para pamong praja dhek sa­mana padha dilatih, sing pangkat cen­dhek cukup dilatih ing ibukota Syuu (ka­re­sidhenan) bae, dene sing luwih dhuwur pangkate ana Jakarta, umume sesasi utawa telung sasi. Giliran. Ing ndalem latihan iki, kejaba diwulang baris-berbaris kaya militer, uga diweleg bab “semangat” Nippon. Siyaga melu mbangun Asia Timur Raya pimpinan Dai Nippon.

Ngenani anane tenaga-tenaga Landa (lan Eropa liyane) sing isih dianggo kuwi, satemene pihak Jepang dhewe saduru­nge uga wis nyiapake tenaga-tenaga ahline. Malah, rikala Landa teluk neng Jepang dhek 8 Maret 1942 kae, sesasinan sawise kuwi Jepang dibudhalake seke­lompok tenaga ahli, sing kajibahan nggenteni tenaga-tenaga Landa lan Eropa liyane kuwi. Cilakane kapal “Taiyo Ma­ru” sing ngangkut tenaga ahli mau ing ndalan kena torpedo mungsuh. Kerem, be­ba­rengan karo para tenaga ahli mau ka­beh. Perlu dikawuningani, manawa dhek jaman penjajahan Landa mono, warga negara Landa kuwi uga dibagi, sapa sing mbagi lan merang-merang ora nate ditelusuri. Bisa uga kalangane Landa-Landa mau dhewe.

Yaiku Landa totok, Landa sing isih utuh, murni 100% teka saka Neder­land kana. Terus Landa murni sing lair ing bumi Nusantara kene, sing sa­banjure disebut Indische Neder­land. Lha sing nomer telu: Landa Indo, Landa pranakan, sing getihe wis campur karo bangsa liya, bangsa pribumi kene. Nadyan kalungguhane Landa Indo iki dianggep paling asor, ning ing ndalem praktek saben dinane iya isih tetep merdeka, rumangsa lu­wih dhuwur katimbang bangsa pribu­mi, kaum inlander.

Bareng Jepang teka ing sakawit kaum Indo-Landa iya isih kena bae makarti, ning sabanjure uga banjur akeh sing diganti tenaga Indonesia. Kajaba ndhapuk tonarikumi, aza ba­rang mau, Jepang uga mbangun bebadan anyar, Keibodan pembantu pulisi sing ditugasi mbiyantu Pemerintah (pulisi) njaga keamanan, mriksa lan ngontrol pe­nyetoran pari, mriksa tanduran jarak, sing lengane kandhane bisa kanggo mlitur motor pesawat terbang. Jepang mula sre­gep lan sering mbangun badan anyar, ning sing cetha bae, panguripane para kawula cilik saya suwe saya mehek-mehek. Saya ngrekasa, bener banget apa sing dikandhakake Cak Durasim, pelawak ludruk saka Surabaya kae, “Pagupon omahe dara, melok Nippon tambah sang­sara!”

Merga saka gandhangane kuwi mau, Cak Durasim kepeksa pisahan karo nya­wane. (*)

Sumber : http://www.panjebarsemangat.co.id/sejarah

Upacara Tumplak Punjen

Werdining Upacara Tumplak Punjen

Tumplak punjen menika upacara ingkang fungsinipun kangge nglepas panganten enggal saking kaluwarganipun piyambak-piyambak. amargi menawi sampun krama sedaya tanggung jawab kaluwarganipun sampun malih dados tanggung jawab piyambak. Tiyang sepuhipun sampun boten cawe-cawe, ananging boten ateges cul babar pisan, ananging namung dados pangawas. bilih penganten sarimbit tasih nyuwun bimbingan inggih saged nyuwun bimbingan kaliyan tiyang sepuhipun. Cekaking atur bilih upacara Tumplak Punjen punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun

  1. Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
  2. Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
  3. Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
  4. Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
  5. Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa

Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.

Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.

  1. Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
  2. Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
  3. Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun

Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto  dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling:

  1. NGLUHURNA MRING AllAHIRA
  2. NGLUHURNA WONG TUWANIRA
  3. AJA LALI MARANG SEDULURIRA
  4. TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
  5. JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN

( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)

Ubarampe Upacara:

Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun

Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:

  1. ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
  2. ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken

Tata upacaranipun Tumplak Punjen

Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.

Dene urutanipun inggih punika:

  1. para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
  2. yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
  3. salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun  dipun sametakaken
  4. kantun piyambah, maringaken anggi-anggi  kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
  5. salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.

makaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun

Pawestri Tanpa Idhentiti

Pawestri, nama sawijining wong wadon sing ketangkep pulisi ing hotel batavia inn ing kamare Victor Holiday, salah sawijine pengusaha daging sapi saka Perth, Australia. Nalika semono, Victor Holiday nitipake Pawestri marang Panuluh Barata, mitra bisnise kanthi ukara save her to heaven.

Kanthi rasa welas lan niyat lung tinulung, Panuluh ngupakara Pawestri kadidene wong wadon sing kelangan graita, diuja kabeh kekarepane kanthi pangajab bisa enggal eling lelakone sing kawuri. Para anak lan mantune pada ora sarujuk karo niyate Panuluh ngupakara Pawestri ana ing ndalem jatiwaringin, yaiku omah keluarga Barata lan mama Pandora Van Leuven (garwane Panuluh) lan nyana yen Panuluh wis tumindak nistha karo wong wadon planyahan (Pawestri) saengga kagaruk pulisi ing hotel batavia inn.

Kanthi tulusing manah lan anteping tekad, panuluh nerak kekarepane anak lan mantune kanggo ngeculake Pawestri. Pawestri tetep diopeni dening Panuluh ing delam jatiwaringin, urip bebarengan karo Panuluh lan Srigadhing batihe. Anak sing paling ora seneng marang tindak lakune keng rama yaiku Pangestu, anak pembarepe Panuluh sing tansah ngira yen keng rama wis tumindak nistha marang Pawestri tanpa idhentiti kui. Pangestu ngojok-ojoki Xavira, adine lan Kuncahya ipene supaya sarujuk marang pamikire supaya keng rama gelem tapak asma ing sangarepe notaris, gawe surat prejanjen, yen keng rama ora bakal gepok senggol utawa ngesok tresna marang Pawestri.

Pawestri mono asline jeneng sing diwenehake Panuluh marang wong wadon saka hotel batavia inn kanggo gawe ktp lan dununge dadi jeneng titi arane wong wadon kuwi. Pawestri diupakara kanthi becik ing dalem jatiwaringin. Dheweke dipanggonake ing kamar agung tilasane Panuluh lan mama Pandora, dene Panuluh manggon ana ing kamar sisihe, ttilasane Xavira anake sing wis diboyong dening Kuncahya marang dalem jaka sampurna. Kanggo nuruti pepengine anake, Panuluh lan Pawestri sarujuk karo usule Pangestu, yaiku Srigadhing tumut turu ing kamar agung tilasane mama Pandora, amarga kamar sing dipanggoni Pawestri lan kamar sing dipanggoni Panuluh kaubungake deing lawang sing sawektu wektu Panuluh bisa mlebu ing kamar agung (kamar sing dipanggoni Pawestri) tanpa ana sing ngonangi.

Pirang pirang dina urip bebarengan saomah Panuluh lan Pawestri ora tau gepok senggol, apa maneh andum tresna kaya sing dipikirake dening anak lan mantune. Nanging, anane Pawestri ing dalem jatiwaringin sangsaya gawe butarepane Srigadhing sing mataun taun dadi abdine keluarga Panuluh Barata lan mama Pandora. Apa maneh nalika Pawestri dipanggonake ing kamar agung, petilasane mama Pandora. Srigadhing butarepan lan ngrasa ora lila yen kamar agung petilasane mama Pandora sing wicaksana kui dipaggoni denin wong wadon planyahan kaya Pawestri. Dina dina sapungkure, Pawestri saya katon lantipe. Pawestri wiwit sinau komputer lan maca maca bab komputer. Panuluh banjur nglebokake Pawestri ing kursus IT kampung cyber sing dununge ing sabrang dalan butulan dalem jatiwaringin.

Dina dina sabanjure, Pawestri saya karem olehe nggethu sinau babagan pegawean kantor. Wiwitan saka tugas lan pegaweane Panuluh ing kantor, banjur pegaweane Rumsari lan Aji Kartika sing dedunung dadi sekretaris. Nganti cara nampa tilpun lan dodolan daging sapi uga disinauni dening Pawestri kanthi tumemen lan ora mbutuhake wektu kang suwe. Kadaden kui ndadekake ora mokal yen Pawestri banjur ngerti sakabehe kegiyatan ing kantor PT fronzement raya. Pramila ora suwe Pawestri banjur diangkat dadi konsultan ing prusahaan fronzement raya kui.

Sawijining dina, Amir Tanjung salah sawijine pegawe sekolah nyetir sing dununge ana ing sangarepe dalem jatiwaringin teka nawakake sinau nyetir. Nalika semono, Panuluh ora ana, banjur ditemoni Pawestri. Pawestri banjur kepengen nyetir lan melu nyetir ana ing sekolah nyetir sing ditawakake Amir Tanjung. Olehe sinau nyetir pancen mempeng lan piter, ngnti nalika weruh Abror markir truk ora kaya aturan sing disinauni ana ing sekolah nyetir, Pawestri banjur ndukani Abror. Olehe ndukani Abror nganti Abror isin. Abror banjur lara ati lan nduweni niyat ala sing dibiyantu dening Srigadhing lan Pangestu, yaiku arep ngudapaksa Pawestri. Niyat ala kui banjur ora kasil. Lan saya ngrembakake jenenge Pawestri, amarga nalika arep ngrudapeksa, planangane Abror kecantol kursi lan ndadekake awke jempalikan kelara-lara. Dening Pawestri banjur digawa menyang RS. Yadika.

Olehe nyetir Pawestri wis tekan 2 sasi, nanging saben nyekel setir Pawestri ngrasa yen dalan ing ngarepe kaya jempalik, lan banyu rob mlebu saka sisi kiwane. Amir Tanjung sing nyinaoni uga bingung. Banjur dina kui Pawestri lunga menyang dhokter kanggo meruhi kahanan asline. Jare dhokter, Pawestri ngandeg telung wulan. Tekan jatiwaringin, wis dipapag dening Panuluh. Pawestri banjur ngajak Panuluh menyang kamare kanggo ngermbug kandhege Pawestri. Pawestri ngira yen bayi kui bayine Panuluh lan njaluk supaya bayi kui ora diaborsi. Panuluh ora kepengen gawe gelaning atine Pawestri, banjur njaluk supaya kabar iki dijaga aja nganti kawetu dening wong liya. Anak-anake Panuluh pada ora trima marang kandhege Pawestri, lan njaluk supaya bayi kui diaborsi. Nanging Xavira lan Zetta tetep kukuh kareben bayine Pawestri tetep dikandheg.

Srawungane Srigadhing lan Pawestri uga saya apik. Apa maneh ngerti yen Srigadhing demenan karo Amir Tanjung. Pawestri nyuwun plilah karo Pauluh supaya Srigadhing bisa nikah aro Amir Tanjung. Sawise niah, omah kui sing manggoni mung Pawestri lan Panuluh. Nanging isih dibiyantu dening Srigadhing sing dadi batih.

Sawise Pawestri diangkat dadi wakil dhirektur, PT Fronzemeat Raya dadi tambah ngrembaka,. Pawestri usul yen gawe gudhang atiss ing daerah Serpong. Nalika rapat komanhiter usul kui pada disetujoni dening para komandhiter. Kanggo pawitane, Panuluh kandha marang Victor holiday. Victor Holiday banjur menehi 40% kanggo pawitane nganggo namane Pawestri. Nganti kandhutane ngancik 9 wulan lan lair, Pawestri tetep manggon ing dalem jatiwarigin. Nganti anake lair isih dijenengake Panuluh kanthi jeneng Damaree Pararatu, utawa Rere.

Amarga nduweni lara diabetes, sawijining dina Panuluh lara watuk sing nanti dadi patine. Sing ngonangi paine mung Pawestri, Srigadhing lan Rere anake Pawestri. Pangestu banjur nduweni niyat kanggo ngusir Pawestri saka dalem jatiwaringin. Nanging Pawestri tetep ora gelem metu, dheweke tetep ngukuhi pesene swargi Panuluh lan kanggo nggampangake pegaweyane sing wis kaangkat dadi dhirektur ig PT Fronzemeat Raya. Sawise satus dina saka sedane Panuluh Barata. Anak-anake padha niyat arep ngurusi babagan warisan. Pawestri tetep wae arep diusir saka jatiwaringin. Sing ngukuhi ya Pangestu. Dheweke adreng tetep merkarakake babagan omah jatiwaringin marang pulisi. Ing sidhang kapulisen, Pawestri nekakake seksi-seksi kayata dhokter Rajiman lan Victor Holiday.

Sidhang kui uga dadi dalan kawiyake kadidene Pawestri. Pawestri sejatine wong sing kelangan graitane amarga ana kedaden ing taun 2007. Nalika kui ana banjir gedhe, mobil sing ditumpaki Pawestri jempalik kena banyu rob. Pawestri sing kaya wog ilang, banjur ditulungi dening Victor Holiday sing arep lunga rapat ing hotel Batavia inn. Pawestri ditukokake sandhangan kimono abang dening Victor Holiday. Nanging ing kamar hotel kana, Pawestri uga dirudapeksa dening Victor saengga ngandheg lan nglairake Damaree Pararatu, anake. Nanging Victor Holiday tangel jawab kanthi menehi pawitan modhal 40% kanggo Pawestri supaya dadi saham ing gudhang atis ing Serpong. Sawise sidhang kui, Pangestu lagi ngreti yen keng rama, Panuluh Barata ln mama Pandora ora bisa nduwe anak. Amarga keng rama impoten. Dadi sejatine Pangestu lan Xavira uga wong kang kabur knginan, padha wae anak pupon. Mula wiwit kui, Pngestu ora ngeyeli marang Pawestri lan malah dadi paseduluran.